undangan Haji

Written By Unknown on Senin, 10 September 2012 | 18.52

Contoh - Contoh Undangan

1. Undang haji


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Puji syukur kunjuk dhumateng ngarso dalem Allah SWT inggih awit rahmat soho berkahipun
Ingkang tansah kaparingaken dumateng panjenengan sedoyo dalasan kula.

Kanthi lumaraping serat munika minongko gantosing pisowan kula wonten ngarso
Panjenengan, mbok bilih sepen ing pambengan soho dangan ing penggalih,
Keparengo kula ngaturi rawuh panjenengan ing :

Dinten  : Ahad Wage
Surya Kaping  : 2 September 2012
Wanci Tabuh  : 19. 30 WIB (Ba’da Isya’)
Mapan Ing  : Griya Kula Carikan RT. 05/ IV Kl. Sukoharjo
Saperlu : Kula suwuni donga pamuji, soho nyuwun pamit
Anggen kula badhe nindakaken Ibadah Haji

Ing wasono awit kepareng rawuh panjenengan kula sakulawargo sakdereng lan
Saksampunipun ngaturaken agenging panuwun.

Jazakumullah khairon katsiron

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Ingkang Hangaturi


Sugiyanto – Sri Wahyuni Intyastuti



2. Undangan pengetan 7 hari


Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Nuwun kanthi lumaraping serat punika, minangka gantosing pisowan kula. Kanthi adhaping manah keparenga kula hangaturi rawuh.

Panjengan benjing ing :
Dinten : Jum’at pahing malem Sabtu pon
Surya kaping : 31 Agustus 2012
Wanci : Tabuh 19.30 WIB (Ba’da sholat Isya’)
Wonten  : Jl. Taman Siswa No. 7 Gawanan Rt 04/ Rw 06 Kelurahan Sukoharjo
Saperlu : Pengetan 7 dinten sedanipun almarhum Bapak D. Darminto
                             kanthi maosaken yasin, Dzikir, soho tahlil.

Wasana menggah kerawuhan panjenengan, kula sak kulowargo ngaturaken agengipun panuwun.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


Atur taklim kula



Ibu TRISDIYANTI
Sak Kulowargo




0 komentar:

Posting Komentar

 
berita unik